Geguritan (Puisi) - Kecrek Chilik





Bocah chilik lan lugu
Mlaku sa’piturute lampu-lampu
Nembang sa’kenane lagu
Kanggo nggolek dhuwit sa’ewu-ewu

            Srengenge ra mlirik
            Angin ra nylinguk
            Awak chilik mlaku ithak-ithik
            Kanthi kringet mili nang bathuk

Kecrek chilik,,
Batirmu nggolek rejeki
Kanthi sa’lilane ati
Nampa receh sa’iji-iji
Mung kanggo tuku sega lan teri

            Kecrek chilik,,
            Semangatmu rak keitung
            Kairing bhektimu kang agung
            Kanggo mbantu rama lan biyung
            Senajan awak mung gari balung

Kecrek chilik,,
Lirih swara,gede usaha
Nyebrang jembaring samudra
Nanging kowe tetep saguh
Gawe ati gumun lan ternyuh

            Kecrek chilik,,
            Kecrek chilik,,

Katulis : 29 November 2012
Kanggo tugas Basa Jawa Kelas 11 SMK Negeri 1 Purbalingga

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Latihan Soal E-Commerce BSI Pertemuan 1-6

14 Jenis Muamalah, Contoh dan Dalilnya